Senin, 10 Oktober 2016

Pidato Bahasa Jawa tentang peresmian gedung Olahraga

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Dhumateng Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupaten Karanganyar ingkang winantu ing pakurmatan. Dhumateng Bapak/Ibu Guru SMA Negeri Kebakkramat sarta para staf saha karyawan SMA Negeri Kebakkramat ingkang ugi satuhu kinurmatan. Saha para tamu undangan lan para siswa SMA Negeri Kebakkramat ingkang kula tresnani.

Kula minangka Kepala Sekolah SMA Negeri Kebakkramat, saderengipun kula matur, sumangga kita tansah ngaturakan raos syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saha ngaturaken panuwun ingkang kathah dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu saha sadhrek-sadherek sadaya ingkang sampun paring sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kamawon, ngantos wujud Gedung Olahraga SMA Negeri Kebakkramat. Punika mboten kantun ugi kula ngaturaken genging panuwun dhumaten pisungsung subsidi saking pemerintah Kabupaten Karanganyar saha saking bapak-bapak pejabat dusun. Kula atas nama Kepala Sekolah SMA Negeri Kebakkramat, mboten saged ngaturaken punapa-punapa, pramila sagedipun naming ngaturaken mugi-mugi lelubering sih kantaman sedaya kalawan angsala piwales kanugrahaning Gusti Allah SWT.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, majengipun donya olahraga ing donya punika mesthi dibarengi kalian fasilitas , uga sarana prasarana ingkang madai. Menawi para atlet anggadhahi kemampuan ingkang sae ananging saranipun boten ndhukung nggih sami mawon. Saking papan punika kita saged mirsani gedung olahraga ingkang agengipun 300x 300 meter. Kula nggadhahi pangajab-ajab bilih gedung punika saged nglairaken para atlet professional ingkang anggadhahi prestasi wonten ing kabupaten, provinsi, nasional, uga internasional. Amin. Lan menawi wonten fasilitasipun, biayanipun inggih sampun wonten, sarana prasaranipun lengkap, ananging para atletipun sami nglokro lan mboten rajin olehipun gladden inggih sami mawon.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, saking jumenengipun gedung olahraga punika saged narik dudutan menawo kita kedah mupangatipun fasilitas punika kanthi sae inggih punika mupangatipun ipun kanthi gladhen kang rajin lan ngrawat gedhung iki kanthi sae satemah saged ngasilaken para atlet ingkang professional. Cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta-klentunipun atur kula nuwun gunging samodra pangaksami.


Wabilahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar